Thimik thimik nggonku lumaku
Nggayuh apa kang wus tak ugemi
Dene ingsun wus kadung ing wiyata
Tan bisa tininggal nir ginanjar sarjana
Kuwi minangka ubarampe
Kang bisa mbungahake rama ibu
Muga Gusti Kang Akarya Jagad
Kersa paring surya kang wening
Temah ingsun bisa uwal
Uwal saka jejiret kang awrat iki

Surakarta, 15 Juni 2015

Tinggalkan Balasan

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.