Aku wis ikrar syahadat,
ning ijik berjuang nyahadatke uripku
Aku wis nindakake shalat,
ning ijik berjuang nyolatake uripku
Aku wis kuat puasa,
ning ijik berjuang muasakke uripku
Aku wis iso mbayar zakat,
ning ijik berjuang ngezakati uripku
Aku durung iso haji,
ning wis berusaha ngehajekke uripku wiwit saiki
Lehne berjuang ngrukun Islamke uripku terus ora kendhat nganti saiki,
tur yen dirasakke yo ijik saiprit ora ana apa-apane dibandingke para pepundhene agama biyen.
Urip ki ora mung wadag fisik tok,
dadi ayo tinimbang gelut udur-uduran,
nggagas dalane urip dhewe wae wis abote ngene.
Kok jik do seneng dadi satpam ngono lho.
Gunungkidul, 19 Juli 2015