Suatu hari pernah ada percakapan dengan junior (J).
J : Mas kok kowe berubah?
A : Yo mesti lah, wong jenenge urip.
J : Maksudku kowe wis ra kayak jaman neng kampus biyen.
A : Yo wajar, pas aku wis SMA, aku yo ra kayak jaman SMP, pas kuliahya wis ra kayak jaman neng SMA, mosok bar lulus njuk ra beranjak prosese.
J : Maksudku ideologimu kuwi lho.
A : Oooo, lha ideologi ki menurutmu apa ngger?
J : Yo pokoke sesuatu sing diyakini nggo mlaku neng urip.
A : Lha bedane karo dien?
J : Ya beda no mas, maksudku kowe ki dalam mengaplikasikan Islam kok akeh berubah saiki?
A : Lha guru-guruku tambah akeh tur buku sing tak waca tambah akeh, ditambah aku diperjalanke ketemu wong aneh-aneh tambah akeh tur masalahe kompleks, mosok ora nggarai aku mikir karo merenung maneh.
J : Ooo ngono, lha po oleh mas berubah ngono?
A : Lha ngapa ra oleh, bukane urip ki sinau karo nemokne tugas kekhalifahane.
J : Yo tapi jarene mas kae kowe “berbahaya”.
A : Lha kowe merasa aku membahayakanmu ora.
J : Ora. Kowe kan asyik mas.
A : Asyik apane ngger, bukane omonganku ganas tur statusku nylekit.
J : Lha tapi menurutku cocok je, masuk akal.
A : Yo iku hasilku berproses. Aku kan yo mikir, apa sing tak cekeli mbiyen wis mesti bener? Kan durung tentu. Njuk aku golek bahan-bahan anyar.
J : Tapi kan status-statusmu kuwi lho, cadas.
A : Statusku ora publik lho, dadi sing maca ya cuma friend. Asumsiku, sing gelem friend karo aku, ya iso ngakoni yen pendapatku oleh beda karo pendapate. Yen ana sing nyebar, ya asumsiku sing nyebar siap bertanggung jawab, ora makakke aku.
J : Tapi ana sing menyimpulkan dirimu saka tulisan-tulisanmu.
A : Santai wae ngger, wong al Quran sing kalamullah kuwi iso disimpulke nggo mateni uwong, misale wong-wong ISIS. Apa meneh muk statuse Yuli Ardika, sing isih potensial direvisi di tahun-tahun depan.
J : Terus kudune piye?
A : Yo ora piye-piye. Nek cen ndeke percaya mbi aku, mesti ra bakal mrasangkai sing ora-ora. Yen penasaran, mesti yo takon bakale. Nek dasare seneng golek-golek, bukane aku mbi kowe yo jik gawene ngono kuwi. Dadi yo ra perlu ruwet to nanggepi pikirane uwong.
J : Lha kowe suatu saat iso difitnah uwong no mas.
A : Lha terus masalahe neng ngendi, bukane uripe dewe mesti ana sing nyenengi karo sing nyengiti.
J : Lha kan iso mengancam dirimu.
A : Lha po kowe wis merasa aman ngger? Aman saka siksane Pengeran.
J : Oh iyo mas, dadi urip ki ya digawe penak wae ya.
A : Yo penak dalam arti, ora usah ngaya, latihan percaya karo jatah sing wis ditetepke Gusti.
J : Berarti sante-sante no mas.
A : Yo ora, merga percaya jatah, urip dadi ra kakehan karep sing neka-neka nggo awake dewe. Iso luwih fokus sinau, niteni urip, karo ngasah potensi sak isa-isane. Muga-muga migunani nggo wong akeh.
J : Oh ngono ya mas, matur nuwun.
A : Ya sama2 ngger.
Juwiring, 23 Oktober 2017